Jumat, 10 Mei 2013

ASAL MULA DESA KUARON

Cerkak Asal-Usul Desa Kuwaron

ASAL-USUL DESA KUWARON

          Kala mbiyen, ing daerah Pengandon, Kendal ana desa kang dipimpin kaliyan Mbah Darmo. Ing sawijining dina, bangsa Walanda ngutus Mbah Darmo supaya nyiapke wargane kanggo kerja rodi. Amarga ora tegel karo wargane, Mbah Darmo ngajak wargane minggat saka desa iku, mlaku mengetan, lewat alas lan pegunungan supaya opa konangan karo tentara Walanda.
          Ing tengah alas, rombongan Mbah Darmo nemokake balai gedhe kang ora ana penghunine. Banjur, Mbah Darmo nggunakake balai iku mau kanggo omah, wargane Mbah Darmo uga mbangun gubug-gubug ing kono. Panggonan kang maune alas malah dadi pedukuhan.
          Ing sawijining dina, pedukuhan Mbah Darmo ketekan rombongan kang dipimpin kaliyan Mbah Lebai. Rombongan iku, uga minggat saka desane kanggo nglungani tentara Walanda. Amarga serasa senasib, Mbah Darmo ngajak Mbah Lebai sak rombongan kanggo netep ing pedukuhane. Mbah Lebai nyetujuni. Rombongan Mbah Darmo lan Mbah Lebai urip kanti rukun.
          Nanging, para warga pengin nduweni pemimpin kang bisa dadi panutan. Para warga pengin yen salah siji pemimpin rombongan dadi pimpinan. Banjur, penduduk pedukuhan iku mau pecah dadi loro. Ana kang pengin Mbah Darmo dadi pemimpin, lan ana kang pengin Mbah Lebai dadi pemimpin. Rumangsa uwis sepuh, Mbah Lebai nyaranake yen sing dadi pemimpin Mbah Lebai wae. Nanging, rombongan Mbah Lebai tetep ngeyel. Banjur, penduduk pedukuhan anyar padha congkrah. Ngerti kaya ngene, Mbah Lebai lan keluargane banjur pamit karo Mbah Darmo arep lungo ninggalake pedukuhan anyar.
          Rombongan Mbah Lebai tekan ing pinggir kali Tuntang. Wektu iku, lagi banjir. Akhire Mbah Lebai mutusake mbangun pedukuhan anyar ing pinggir kali Tuntang.
          Ing pedukuhan lawas, Mbah Darmo dadi pemimmpin, nanging pedukuhan iku ora ngalami kemajuan. Penduduke padha congkrah amarga masalah cilik. Mbah Darmo rumongso ora bisa ngrampungake masalah iku, lan ora bisa meneh dadi pemimpin. Banjur, Mbah Darmo ninggalake penduduk iku, nyusul Mbah Lebai lan kumpul maneh karo Mbah Lebai.
          Sejatine, Mbah Darmo sedhih wis ninggalake pedukuhan lawas. Amarga di tinggalake, pedukuhan iku dadi kowar-kowar, ora ana sing mimpin. Mula, pedukuhan lawas iku di jenengake Kuwaron. Saka tembung kowar-kowar kang tegese ora nduwe pemimpin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar